Selasa, 08 Juli 2008

nawak-nawak sdku

gak kroso...
sudah 29 taon aku gak eruh kabare konco-konco sdku (sd sanan sari negeri 1 malang)
tapi wingi onok kedadehan sing nggawe kaget , koncoku EKO DWIATMOKO
dino senin jam papat isuk aku oleh khabar lek arek'e meninggal dunia (kabare karena struk) ,... padahal aku tas ae ketemu ambek arekke pas ebesku gak onok (telung minggu sing kepungkur)
yo wis isuke tak khabari arek2 sing aku eroh ae salah sijine MITRO (LANGGENG SUMITRO) koncoke sahabatku sd sing uaapik nemen (arek iki sing senneng hal2 sing mistik) , trus aku yo ketemu tilpune PENTA , sing nggarahi aku seneng aku ketemu nomer tlpne ELLY, gak lali aku yo ngabari ERNI .
sing pasti podho kaget , mergo aku mbek eko lan mbek konco-koncoku iku sak umuran roto-roto umure 42 an


wis rong dino iki aku ngobrol ambek elly , nyritakno sing jaman sd...he he he bayangno ae aku wis gak tau ngobrol ambek arek2 iku lebih slawe tahun.

lumayan oleh hiburan ditengah-tengahe kemrungsunge penggawean sing tambah suwe tambah gak karu-karuan arah e.
tapi tetep tak lakonane , di delok sampe ndek ndi rontak iki bertahan .

heem ...sak iki dino seloso tgl wolu juli 2008

ayas ngenes ketemu ambek nawak-nawak lawas.....asli sueneng nemen.
matur nuwun gusti , wis nge ' ke i kulo nikmat ini .

amien

Tidak ada komentar: